Semribit angin esuk le seger. Ugo srenge-nge isih isin ameh njedul, gur nginguk sitik soko wetan. Biasane wayah ngene iki isih sruputan ngombe kopi lan mangan gedhang goreng sinambi nyawang pitik sobo golek pangan. Bedo kambi dino iki, awak wis adus kringet, nduduk kuburan. Umume wong ndeso, yen enek le kesripahan podo gotong royong. Enek le golek uborampe, enek le ngabari sanak sedulur, nduduk kubure lan nyuceni ngafani. Ananging khusus nyuceni ning kasus iki ora ono, amergo jenazah wis disuceni nek rumah sakit, amrgo iki pasien covid-19.
Aku gumun, le tak dudukke kubure iki, wingi lagi entes bali soko tugas luar kota. Aku weruh dewe waras wiris ora ono tondo-tondo ameh ninggal. Lha kok wengine dijemput petugas covid jarene kon isolasi nek rumah sakit amergo koncone terindikasi terpapar covid-19. Lha kok lagi sewengi nek rumah sakit, subuh-subuh aku moro subuhan nek mesjid pak RT wis woro-woro yen Pak Darji wis ninggal.
Srengenge wis rodo duwur, kuburan wis keduduk jero. Jatah sarapan wis disusulke pihak keluarga ono ing makam, Sebagian do sarapan, sebagian lanjut nduduk kubur, gantian ben lak rampung.
“Mas, ceritane pie to, kok almarhum Mas Darji ki iso ninggal? Padahal Mas Darji ki mangat isih bagas waras.” takon Paimo menyang Mas Hari, selaku keluarga.
“Ya keluarga ya ora genah pastine pie, tapi Mas Kholis le nunggu nek kono di wenehi reti langsung marang dokter lan perawate. Jenenge wae covid, nunggune isone amung soko adoh, le iso mlebu gur perawat ambi dokter le wi nganggo pakaian khusus. Dadine ora mudheng keadaane Mas Darji” jawab Mas Heri Baca juga : Sawah Beton , Getaran Mendung
Yen di runtut soko asale, virus pertama kali di temokake ono ing kota Wuhan, Cino.Virus le bahaya lan cepet nyebare. Sejujure aku wong le kaget virus kui iso tekan kene, tekan Indonesia opo maneh tekan desoku. Lha sopo wonge le ra kaget, jare lurahku vrus kui bakal mati ono ing wilayah tropis amargo kepanasen, sih di tambahi ibu bidan desa ngendikan miturut menteri kesehatan le ono Jakarta wong Indonesia ki kebal-kebal, amargo mangane ki sederhana, koyo to sego kucing. Nganti aku pendak bengi tuku sego kucing ben ora kenek virus iki. Ya mungkin iki kuasane Gusti, opo le ngendikaake deing pemerintah memang bener kudune wong Indonesia kui kuat. Ananging mungkin Gusti ameh nyobo dene umate bener-bener kuat tenan, opo ojo-ojo gur jarene.
Tembung wong apik, kui mati disik ugo yen di otak-atik iso gathuk. Almarhum iki wong apik, disenengi dening tonggo teparo. Angger enek wong keusahan le di sambati Pak Darji. Pak Darji nek deso dikenal wong e grapyak sumanak, enteng tangan nulung liyan lan lomo. Angger wayah rondo deknen mesti gowo kopi ambi kremikan. Pas awal wabah, deknen nulungi tonggo le do susah golek pangan di bantu ra ketang sitik. Nguri-ri mejid supayane rajo, di kek i pengajian ambi sarpan ono ing minggu esuk. Mulane akeh tanggatanggane le kelangan, lan tak kiro ora gur tanggane, tapi ugo konco-konco lan utamane keluargane.
Almarhum bener-bener iso dadi panutan, bedo dene ambi Pak Gareng. Pak Gareng iki wakile rakyat. Kurang pener jane yen masyarakat njaluk saran lan njaluk tulung ambi Almarhum Pak Darji, luwih pas kudune sambate ambi Pak Gareng. Ing mongso pagebluk ngene iki deknen ora due solusi konkret dienggo njogo rakyate. Pie carane tonggo tparone isih iso golek duit lan ugo pie carane wargane tetep sehat. Nanging kabeh mau nihil, babar blas ora ono solusi. Bahkan empatine sajake ya wis mati, ing mongso pagebluk ngene iki deknen ngedunke sepeda motor larang, anyar gress. Motor di terake nganggo trek, mudun ing pelataran omahe isih mulus kinclong. Padahal le Suradi wingi barsoko gonku nembung nyileh duit ge nempur. aku ya kondo opo onone, aku ya ora due duit, tak aturi tindak nembung Pak Gareng. Lah jebul deknen wis soko kono di alesi tunjangane durng cair, ora biso nulungi. Lha kok let rong dino jupuk motor. Koyo ngono kui opo ora di jenengke empatine mati? Padahal koyo Pak Gareng kui kudune dadi wong le iso ngayomi. Kepekso aku mbongkar celengan le sire ameh tak ngge nglamar Hita, duite tak silihke Lik Suradi.
Le jagongan ra kroso wis sue, kuburan ya wis dadi. Anangin soko rumah duka kondo jenazah durung tekan kono. Keluarga cobo ngubungi pihak rumah sakit. Keterangan soko pihak rumah sakit jarene jenazah wis budal mau-mau, yen dietung kudune wis tekan rumah duka. Ora let sue ono telfon soko pihak rumah sakit pinongko klarifikasi menowo le ninggal atas nama Sudarji Lukito, dudu Darji Sarmono. Jebule miskomunikasi antarane rumah sakit ambi pihak keluarga.
0 Komentar